​Contoh Teks protokol (2) Mujahadah oleh bapak Sakroni


 Assalamualaikum wr wb ,bismillahirrohmanirrohim, alhamdulillahilladhi karomana bil mustofa habiibina wasyafi'ina, ya sayidi alimni warobbini, yaa ayyuhal ghoutsu

salaamulloh.......

ama ba'du.

Dumateng ketua Pw kab. Kendal ingkang kinurmatan, khodimul wahidiyah tingkat kab, kec, serta para imam jama'ah ingkang kinurmatan, ibu2, remaja, kanak2 wahidiyah, ingkang kinurmatan, sumonggo kulo ndere,aken panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur wonten ngarso Alloh Swt ingkang sampun paring pinten2 kanikmatan, hidayah, taufik, soho inayah, sehinggo kito saget makempal manunggal wonten ing kalenggahan meniko kanthi kahanan wilujeng nir ing rubedo nir ing sambikolo, amin.

Sholawat salam barokah katur ngarso dalem Rosululloh Saw, ingkang sampun paring syafa'at wonten ing alam dunyo langkung2  samangkeh kito angsal syafa 'atul udma wongten ing yaumul qiyamah, amin.

Salaman lkroman wata'dhiiman wamahabatan, katur kunjuk wonten ngarso dalem poro ahbabillah jami il aqtob, min awalihim ila akhirihim, mirungganipun wonten ngarso dalem ghoushu haadzaz zaman R anhum.

Wa'a ada alaina mimbarokatihim wassyafa'atihim wakaromatihim wa'amaddana bi amdatihim kama yaliku bika wabihim amin.

Mugi2 poro priyantun agung ingkang kasebat kolo wau, mirungganipun wonten ngarso dalem Rosululloh SAW wa ghoutsu hadhazzaman Ra kerso peparing dumateng kito sedoyo, syafa'ah, tarbiyah, nadhroh soho jangkungan doa restu, sehinggo punopo ingkang kito lsmpahi mbekto manfa'ah maslahah barokah fiddunya wal akhiroh, amin.

Mujahidin mujahidat ingkang kinurmatan, ing mriki kulo minongko dados pranotoadicoro wonten ing kalenggahan meniko, keparengo kulo bade maosaken rantaman adicoro, dene adicoro ingkang sepisan inggih meniko: Pambuko

* Adicoro kaping kalih inggih meniko, mujahadah penyongsongan kubro, ingkang bade dipun imami panjenenganipun bpk.......

* Adicoro kaping tigo: kuliah wahidiyah, bade dipun ka aturaken panjenenganipun bpk, kyai .......

* adicoro kping pungkasan : tasyafu'an wal istighousah,..

alfaaatihah..

amin.. 

Mekaten mujahadah penyongsongan kubro sampun paripurno, sedoyo kilaf lan salah nyuwun pangapunten ingkang katah, billahi taufik wal hidayah wamin Rosul SAW assyafa'ah watarbiyah wabi barokati ghoutsuhadhazzaman Ra, annadzroh wal barokah, Assalamualaikum wr wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aurod Mujahadah bilangan 717

AURAD MUJAHADAH KEUANGAN

AUROD MUJAHADAH KEAMANAN DLL